Jumat, 30 Maret 2012

Audio Player Untuk VCD Karaoke

Buat yang hobby karaoke lagiiiii...!!!!
Stereo music player , software gratis untuk kaset vcd karaoke Berkaraoke ria via pc kalau kita langsung pakai kaset vcd

Rabu, 07 Maret 2012

AKI SUTOPO

Aki..Sutopo...
duwe..ngelmu kang utomo..
Kanggo..bekal ngalemboro.. 

ge..pagomo..marang poro wargo...
mulo saiki.. ki Su..topo.. ngudaneni  ...

dasar.. priyo..ne..sekti...
ma..rang wargo..biso ngurakapi...
Nganti saiki..ki. Su.topo..di..juluki...

cikal bakal gawe mukti..
kabeh mau..peparinge gusti...
Mulo sa.iki..diganterke..nganggo seni..

iki..wes podo..memetri..
cikal bakale...ben biso lestari...

Selasa, 06 Maret 2012

RONDO KEMPLING


Ndak pundi Mbak Ayu
bade tindak pundi?
kadingaren tindak wae
ora numpak taksi

Dewean opo ora wedi?
Timbang nganggur
kulo gelem ngancani

Kleresan mas alias kebetulan
blanjane kathah rada kabotan
Ha yen purun enggal-enggal ngrencangi
tekan omah mangke kulo opahi

Ee… Tobil wong Legan golek momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?

Ampun gelo mas
sampean ampun kuciwo
kulo rondo anyaran ditinggal lungo

Awan-awan lungo blonjo
ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing…

Ning Semarang Mas..
Tuku gelang karo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo
dijamin kempling..

Kempling lho mas….

Muanteb… tenan

RESPSI


Yen pinuju angrawuhi malam resepsi
Kakung piutri ngagem
busono kang edi peni
Para putri sami lenggah
Jejer katon rapi
Yen sinawang nganti
Koyo kontes widodari
Poro priyo lenggahe
Rodho adoh sawetoro
Uthak uthik lirak lirik
Ngguya ngguyu
Mesam mesem
Sajak arep mundut lagu
Sinten niku lenggah pojok
Ndelik ono mburi
Menga-mengo sajake
Kok ono sing diwedeni

Poro priyo lenggahe
Rodho adoh sawetoro
Uthak uthik lirak lirik
Mesam mesem
Ngguya ngguyu
Sajak arep mundut lagu
Sinten niku lenggah pojok
Ndelik ono mburi
Menga-mengo sajake
Kok ono sing diwedeni

MBAH DUKUN



Permisi mBah, kulonuwun
nopo ngriki daleme mBah Mangun?
Sing kondhang dadhos dukun
tetombo mesthi mantun
gadah putri namine Atun

Kulo mriki mBah,
estu bade pados jampi
jampi wuyung
sanes jampi wudhun
Pripun mBah?
Pripun mBah Dukun?
Ampun terus ngalamun
Keng putra Atun, mBah,
kadhos kulo nggih purun
mesthi enggal mantun
Permisi mBah, Si mBah Dukun
Terimakasih alias maturnuwun
Sakit kulo pun mantun
diparingi Atun
Sak niki kersani kepripun
Kulo niki mBah
anake wong tani yutun
sugih beras, sugih pantun
Pripun mBah?
mBah Dukun ampun terus ngalamun
Duh aduh aduh, ampun mBah
Keng putra Atun, mBah,
niki tumbasanipun:
anduk kalih sabun

OJO SEMBRONO


ampyang gulane jowo yo mas yo
pilih kacang opo klopo
dadi wong lanang mbok ojo sembrono
ojo sembrono

glali jenange gulo yo mas yo
wong lali ora rumongso
sarwo-sarwi ngguyokake tingkahe
suwe-suwe kok mangkelake

REFF:
aduh dik aku sing kleru
ojo dadi atimu
durung-durung kowe wes nesu
neng kali gowo pancingan
wong lali ora kelingan
yen lali ora kelingan

aduh dik aku sing luput
ojo pijer prengat-prengut
wong ayu dadi sembrawu
sosor bebek disosor meri
salahku dewe mohon disori
besok-besok gak lagi-lagi

manis gulane batu jo kleru
sing dodol rupane ayu
janji kemis mesti dadine setu
yen kagol tak tinggal mlayu

OJO DI GONDELI



- Janjine ora tenanan Jebule kriwikan dadi grojogan,
Saben saben dielingke, nanging sajake kok anteng wae
Puluh – puluh wis bejaku ya dhik ya, wis pancen dadi nasibku
Tak suwun marang sliramu, aja dadi runtiking atimu
Iwak cucut diwadahi karung, becik mbacut tinimbang wurung
Aduh mas tinimbang wurung
Menyang pasar kok tuku cipir, aja samar yen ra tak pikir
Aduh dik aja kuwatir
Manuk gagak kok ngaku merak, pancen sengaja pancen dijarak
Aduh mas sakit hatiku
Ana Kadal mangani roti, ndang tak budhal aja digondeli
Aduh dhik aja digondeli
Kembang kacang kembang kedele e lae
Glopa – glape dadi gawe
Yen pancen dikarepake, ayo enggal aku terna mulih bae